TERNAK AYAM
Ternak ayam pranyoto mboten gampil, usaha yernak ayam bangkok lokal ingkang kula lampahi sampun meh 3 tahun. ewo semanten taksih dereng ketengal hasilipun. Menawi dipun banding untung rugi tasih katah rugi nipun. Nanging menawi keremenan senajan rugi mboten kapok.
Ngingah ayam bangkok lokal menika yen kirang pengalaman namung saget metik dagingipun, mboten saged damel ayam unggulan. Emanipun ndamel sawung/ayam unggulan kedah tertib lan teliti anggenipun maringi teda, rutin nglatih ayam saha wantun aben sawung wonten kalangan. Menawi mboten mekaten tangeh lamun ayam kita dipun mangertosi unggul lan mbotenipun. Pancen ternak ayam bangkok sae ingkang lokal utawi impor pasaranipun wonten ing kalangan aben sawung utawi penawaran on line, yen pinuju bejo dipun tampilaken gambaripun saget dipesan penggemar tanpa dicobi langsung dibayar online lan dipendet teng griyo.
Blog ndzoboz
Sabtu, 14 Juli 2018
Sabtu, 07 Oktober 2017
Klangkapan, Minggu 8 Oktober 2017
Sejarah Desa Margoluwih, Kecamatan Seyegan kaungkap malih kanthi dipun pengeti mawi Prosesi Kirab "Tri Tirto Nunggal Karso", ingkang mengku teges Manunggaling Tigang Kelurahan Nunggal Sedya inggih meniko dados Desa Margoluwih.
Desa Margoluwih Kedadosan saking Tigang Kelurahan inggih meniko: Setunggal Kalurahan Klangkapan ingkang dumunung ing Dusun Klinyo ingkang dipun jabat Bp. Bakri, Almr. nama alit; kalih Kalurahan Cibuk; tiga Kalurahan Barak.
Manunggaling tigang kalurahan meniko kanti lambang ndadosaken setunggal toya suci saking tigang kalurahan kadadosaken setunggal dipun tambah toya saking Kraton Ngayoja Karta Hadiningrat.
Miterak keterangan Bp. Bardiono Mantan sekdes Desa Margluwih ugi pinangka Abdi dalem Kaprajan Kraton Ngayojakarta mratelaaken bilih prosesi meniko mengeti labuh labetipun Lurah Klangkapan anggenipun mbangun Sendang Klangkapan rikolo jaman penjajahan Jepang kirang langkung tahun 1942.
Catatan meniko kulo punggel awit data dereng wonten, sedaya nembe lesan, nyuwun pangapunten lan matur Nuwun

Senin, 21 November 2016
RAJIN MENULIS
Setelah membuatBlog, lalu rajin menulis
Tulis lah apa yang bermanfaat dan bermartbat
Dibalik lilitan nafsu
akan punah oleh usaha dan keyakin
Karena ikhtiar dan usaha
di landasi Do'a
berusaha sekuat tenaga
tuk suatu karya yang berguna
bagi sesama
Nikmatnya dunia membuat lupa
bila tak teraih lalu kecewa
bisa sedih dan nelangsa
merasa tidak berharga
inginnya mati saja
Itulah Manusia
Dunia ingin digenggamnya
dinikmati selama-lamanya
jadi lupa
Bahwa hidup hanya sementara

KASMARAN
KASMARAN
Paseban nembe wae bubaran nanging sang Pengeranpati isih
lenggah mresani endahing solah raga, eseming lati lan liriking netra sang kenya
saka Dusun Kembang Asri. Sang Pengeran kaya dipaku atine ngematake sak pari
polahe sang kenya datan kendat kaya-kaya
sumelang yen nganti kliwatan. Sak suwuke gending gleyong paraga beksan caos
pakormatan penutup lajeng sami mlebet ing pesalinan sakperlu lukar busana.
Niken Sayuga tratapan semu kaget rumangsa ana kang njawil
pundake. “ Oh, paduka Pengeran! , menapa sampun dangu?” ngono ature Niken Yasuda
“Wis sa untara”, R. Basudewa paring sasmita karo nyekeli
astane niken Yasuda digandeng mlipir sinambi nyingkiri para punggawa lan Nara
Praja ing Mandura sumelang yen kadenangan. R. Basudewa pancen trampil lan lantip
pamikire ora suwe wis tekan ana Taman Kapengeranan papan Kastriyan kagungane R.
Basudewa dalane ora gampang dingerteni priyagung lan prajurit Mandura kejaba
mung prajuri sandi.
“Kangenku datan kena tinambengan nini, pingin enggal
sapejagong lan sliramu”, pangandikane R. Basudewa. “Ora ketemu sedilit wae
rasane atiku ra karu-karuan” ngendika mengkono karo tansah nyawang Niken Yasuda
tanpa kedep. Disawang junjungane Niken Yasuda rada kewran atine. “Ora
gumun aku ngono kuwi yen ngendika, nanging yen wis ana wanita liya wis mesthi
bakal ora digape”. Mengkono ature Niken Yasuda genti nyawang pasuryane R.
Basudewa.
“Ngendikaku iki tenanan jare diwaoni wae, dikangeni kok yo
ora rumangso!” karo nyandak astane Niken Yasuda banjur di remet saking gemese.
“ Ampun gusti... sakit!” Niken Yasuda narik tangane banjur males njiwit. R.
Basudewa enda, banjur nggandeng astane Niken Yasuda diajak lenggah ana sangisore sawo kecik.
“Yasuda, mangertia lahir batin aku tresno karo sliramu,
rasane yen sesandingan sateruse rumangsa mongkok atiku”. Pangandikane R.
Basudewa. “ Kulo mangertos raden, nanging paduko ampun kapilayu kebranang
asmara lajeng nguja hawa, paduka menika satriyo jejering pengeran pati kirang
prayogi menawi namung lelumban karemenaning manah menawi kedlarung-dlarung
saged lirwo dateng kewajiban, kula aturi emut raden.” Mengkono pangadikane
niken Yasuda marang gustine lan uga paring panglipur murih menda penggalihe R. Basudewa
Banjur emut kewajibane.
“Raden, kulo tak matur nggih andon tresno menika kenging
kemawon, menawi paduko kangen jane kula semanten ugi, sopo wonge ora seneng
atine disanding priyo pepujaning ati ?, senajan kanti sesideman kula langgati
kersa paduka raden isih kurang piye maneh ?” ngono ature Niken Sayuda karo
mripate nyawang gustine lan tangene trampil mijeti ampeyane R, Basudewo. R.
Basudewo astane ngelus rikmane Niken Sayuda kang ireng menges ngremak ngembang
bakung, netra lindri- lindri grono mbangir, mulat gading sakembaran datan kiat
angampah gya den pondong lumebet ing pagedongan.
Ono teruse ----à
Langganan:
Postingan (Atom)