Senin, 21 November 2016

RAJIN MENULIS

Setelah membuatBlog, lalu rajin menulis
Tulis lah apa yang bermanfaat dan bermartbat

Dibalik lilitan nafsu
akan punah oleh usaha dan keyakin
Karena ikhtiar dan usaha
di landasi Do'a
berusaha sekuat tenaga
tuk suatu karya yang berguna
bagi sesama

Nikmatnya dunia membuat lupa
bila tak teraih lalu kecewa
bisa sedih dan nelangsa
merasa tidak berharga
inginnya mati saja

Itulah Manusia
Dunia ingin digenggamnya
dinikmati selama-lamanya
jadi lupa
Bahwa hidup hanya sementara

KASMARAN



KASMARAN
Paseban nembe wae bubaran nanging sang Pengeranpati isih lenggah mresani endahing solah raga, eseming lati lan liriking netra sang kenya saka Dusun Kembang Asri. Sang Pengeran kaya dipaku atine ngematake sak pari polahe sang kenya datan  kendat kaya-kaya sumelang yen nganti kliwatan. Sak suwuke gending gleyong paraga beksan caos pakormatan penutup lajeng sami mlebet ing pesalinan sakperlu lukar busana.
Niken Sayuga tratapan semu kaget rumangsa ana kang njawil pundake. “ Oh, paduka Pengeran! , menapa sampun dangu?” ngono ature Niken Yasuda
“Wis sa untara”, R. Basudewa paring sasmita karo nyekeli astane niken Yasuda digandeng mlipir sinambi nyingkiri para punggawa lan Nara Praja ing Mandura sumelang yen kadenangan. R. Basudewa pancen trampil lan lantip pamikire ora suwe wis tekan ana Taman Kapengeranan papan Kastriyan kagungane R. Basudewa dalane ora gampang dingerteni priyagung lan prajurit Mandura kejaba mung prajuri sandi.
“Kangenku datan kena tinambengan nini, pingin enggal sapejagong lan sliramu”, pangandikane R. Basudewa. “Ora ketemu sedilit wae rasane atiku ra karu-karuan” ngendika mengkono karo tansah nyawang Niken Yasuda tanpa kedep. Disawang junjungane Niken Yasuda rada kewran atine.       “Ora gumun aku ngono kuwi yen ngendika, nanging yen wis ana wanita liya wis mesthi bakal ora digape”. Mengkono ature Niken Yasuda genti nyawang pasuryane R. Basudewa.
“Ngendikaku iki tenanan jare diwaoni wae, dikangeni kok yo ora rumangso!” karo nyandak astane Niken Yasuda banjur di remet saking gemese. “ Ampun gusti... sakit!” Niken Yasuda narik tangane banjur males njiwit. R. Basudewa enda, banjur nggandeng astane Niken Yasuda diajak lenggah ana  sangisore sawo kecik.
“Yasuda, mangertia lahir batin aku tresno karo sliramu, rasane yen sesandingan sateruse rumangsa mongkok atiku”. Pangandikane R. Basudewa. “ Kulo mangertos raden, nanging paduko ampun kapilayu kebranang asmara lajeng nguja hawa, paduka menika satriyo jejering pengeran pati kirang prayogi menawi namung lelumban karemenaning manah menawi kedlarung-dlarung saged lirwo dateng kewajiban, kula aturi emut raden.” Mengkono pangadikane niken Yasuda marang gustine lan uga paring panglipur murih menda penggalihe R. Basudewa Banjur emut kewajibane.   
“Raden, kulo tak matur nggih andon tresno menika kenging kemawon, menawi paduko kangen jane kula semanten ugi, sopo wonge ora seneng atine disanding priyo pepujaning ati ?, senajan kanti sesideman kula langgati kersa paduka raden isih kurang piye maneh ?” ngono ature Niken Sayuda karo mripate nyawang gustine lan tangene trampil mijeti ampeyane R, Basudewo. R. Basudewo astane ngelus rikmane Niken Sayuda kang ireng menges ngremak ngembang bakung, netra lindri- lindri grono mbangir, mulat gading sakembaran datan kiat angampah gya den pondong lumebet ing pagedongan.
Ono teruse ----à